7Contoh Teks Deskripsi tentang Tempat Wisata 1. Teks deskripsi tentang tempat. Ngoko adalah bahasa jawa yang paling kasar. Dari mulai descriptive text narrative text recount text. Wisata Gunung Bromo Gunung Bromo merupakan salah satu tujuan wisata favori di Jawa Timur. Teks Deskripsi Tentang Tempat Wisata Dalam Bahasa Jawa Media Informasi
4 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa Tentang Berbagai Tema dan Ciri-Cirinya – Secara umum teks deskripsi dapat diartikan sebagai tulisan yang mempunyai gagasan pokok untuk memberikan gambaran objek berupa tempat maupun peristiwa kepada pembaca. Sebuah teks deskripsi yang bagus dapat membuat pembaca seolah-olah dapat merasakan apa yang dituliskan penulis dalam teks tersebut. Tips Membuat Teks DeskripsiDaftar IsiTips Membuat Teks DeskripsiCiri-ciri Teks DeskripsiContoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 1Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 2Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa3Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 4 Daftar Isi Tips Membuat Teks Deskripsi Ciri-ciri Teks Deskripsi Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 1 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 2 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa3 Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 4 eliottreyna Supaya dapat menciptakan teks deskripsi yang bagus, ketika mengunjungi suatu tempat atau melihat suatu peristiwa. Seorang penulis harus mampu memaksimalkan panca inderanya sebaik mungkin. Setelahnya, penulis dapat mencatat atau merekam apa yang ditangkap panca inderanya dalam ingatan dan buku catatan. Sehingga nanti ketika akan menuliskan teks deskripsi, penulis masih mengingat apa yang ditangkap panca inderanya saat akan menuliskan tentang tempat yang baru dikunjunginya. Seperti teks lainnya, teks deskripsi memiliki beberapa ciri yang membedakannya dengan teks lainnya. Ciri-ciri Teks Deskripsi Isinya memberikan penjelasan atau penggambaran suatu tempat atau peristiwa. Saat memberikan gambaran atau penjelasan tentang sesuatu. Seorang penulis harus mampu menggambarkannya sedetail mungkin. Menggunakan gaya bahasa yang dapat merangsang rasa ingin tahu pembaca dan dapat membuat pembaca dapat turut merasakan apa yang dirasakan penulis. Penjelasan tentang suatu objek harus sejelas mungkin agar pembaca dapat membuat suatu gambaran yang jelas Diksi yang menarik Mempergunakan diksi berkaitan panca indera Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 1 Sasuwene iki menawa wae akeh sing nganggep yen mripat werna biru ngono mung diduweni dening wong manca negara mligine sing saka Eropa utawa Amerika. Panganggep sing kaya mangkene ora salah, merga kasunyatane saperangan gedhe wong kang dedunung ing rong Benua yaiku Eropa lan Amerika rancake nduweni mripat werna biru. Nanging panganggep sing kaya mangkono ora sawutuhe bener. Merga ing Indonesia dhewe ana etnis kang nduweni mripat werna biru asli. Ora mung mripate wae, pasuryane uga beda klawan pasuryan kang diduweni wong Indonesia umume. Etnis sing nduweni mripat werna biru iki sinebut Bulek Lamno lan asale saka laladan Aceh. Ing laladan Aceh, kenya saka etnis iki dianggep salah siji primadonane. Panganggep sing kaya ngene dumadi merga kenya saka etnis iki saliyane nduweni pasuryan kang ayu. Wiwit isih cilik wis diwulang ilmu agama kang jero dening wong tuwane. Saengga bisa dianggep yen kenya saka etnis Bulek Lamno iki ayune lair batin. Ngenani asal usule leluhure etnis Bulek Lamno iki saka ngendi isih durung ana panliten kang resmi. Nanging yen manut crita lan saka saweneh sumber, ana kang nyebutake yen leluhure etnis Bulek Lamno iki saka Portugal kang sabanjure dhaup klawan warga Aceh. Sabanjure ngenani wiwit kapan etnis Bulek Lamno iki manggon ing Aceh uga durung kinawruhan kanthi pesthi. Mung wae akeh sing nduweni panduga yen etnis Bulek Lamno iki wis ana wiwit abad XV. Rancake etnis Bulek Lamno iki mapan ing pinggire segara. Ing jaman saiki etnis Bulek Lamno akeh ditemokake ing Desa Mukhan lan Kuala Daya. Saliyane kuwi Bulek Lambo uga sumebar ing Kecamatan Jaya lan Indra Daya. Saka saperangan laladan ing Aceh kang isih ana etnis Bulek Lamno iku mau, laladan Kuala Daya mujudakake dhaerah kang dadi basise Bulek Lamno. Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 2 Sasuwene iki akeh panganggep siji-sijine cara kang bisa ngawekani bahaya tanah longsor yaiku kanthi reboisasi utawa nanduri maneh alas sing wis gundhul. Cara iki pancen bener nanging kanggo menehi pangribawa kaya kang dikarepake butuh wektu sing suwe. Jalaran oyot wit sing isih anyar kekuatane isih kalah dibandingake wit gedhe. Saengga masia wis ditanduri maneka wit papan pereng pegunungan isih durung bisa sanalika aman saka bencana tanah longsor. Ing perangan liya sipate oyot wit-witan kang bisa nyimpen banyu. Yen gondhelane durung kuwat nemen. Malah ndadekake dhaerah-dhaerah kang duwe kemiringan tartamtu malah mbebayani lamuna ditanduri wit-witan. Kahanan iki disebabake banyu sing kasimpen ing jero oyot kang gondhelane durung rosa mujudake salah siji penyebab dumadine tanah longsor. Ana cara kang luwih cepet kanggo ngawekani longsor tinimbang nindakake reboisasi. Cara iku yaiku nanduri dhaerah pereng pegunungan utawa papan-papan kang diperkirakake rawan longsor nganggo akar wangi. Manut penelitian ana sawetara perangan kang nyebabake oyot akar wingi dianggep luwih apik tinimbang kuat tinimbang wit-witan. Akar wangi klebu tanduran kang duwe oyot serabut. Oyote bisa nunjem jero nganti kedalaman 5 meter. Saliyane kuwi akar wangi klebu tanduran kang bandel’. Amarga tanduran iki bisa ditandur ing papan kaya ngapa wae. Wiwit saka dhataran rendah, dhataran tinggi, bekas tambang, nganti tebing-tebing kang kbeak watu bisa ditanduri nganggo akar wangi. Saliyane kuwi akar wangi bisa ditandur ing dhaerah kang curah udane sithik lan suwalike akar wangi uga ora bakal mati lamuna ditandur ing dhaerah kang curah udane dhuwur. Eloke, saupama akar wangi iki ditandur ing pereng kang kebak watu. Oyot akar wangi bisa njilma kaya jangkar kang bisa nahan partikel-partikel lemah. Kanthi anane kaluwihan kaya ngene. Papan sing ditanduri akar wangi ora bakal kena erosi lan longsor. Akar wangi dhewe mujudake tanduran kang klebu bangsa sesuketan gedhe. Tanduran iki dhuwure bisa nganti 1-2,5 meter. Masia ora ngasilake kembang lan wiji-wijian. Nanging akar wingi bisa sumebar kaya dene alang-alang. Akar wangi kang ditandur sacara rapet bakal bisa dadi pager kang bisa ngurangi bantere iline banyu lan bisa nahan matrial sediment. Kaluwihan sing kaya ngene iki cetha ndadekake tanduran iki dibutuhake dening dhaerah-dhaerah ing pereng pegunungan lan dhataran tinggi. Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa3 Wiwit jaman kuna jaran mujudake salah siji kewan kang duwe lelabuhan gedhe tumrap uripe manungsa. Saliyane tenagane dipurih kanggo narik barang dagangan. Tenagane jaran uga digunakake tunggangan rikala lelungan lan perang. gedhene pangribawane jaran tumrap uripe manungsa tanasah ndadekake jaran wiwit isih belo anakan dijinakake. Pamrihe supaya bisa migunani tumrap uripe manungsa. Mulane ora nggumunake akeh kabudayan ing maneka suku ing Indonesia kang ana sambung rapete klawan jaran. Ing Jawa dhewe jaran turangga mujudake salah siji tandha priya sing wis ngancik tataran dhiwasa. Saliyane ing Jawa, ing suku liya jaran klebu salah siji kewan kang klebu dimulyakake. Babagan iki kabukti saka dielokakene jaran ing upacara adat. Tuladhane ing upacara adat Pasola kang diduweni masyarakat Kodi ing Sumba. Adat pasola mujudake salah siji upacara adat kang bisa ditemokake ing Pulo Sumba. Ing dinane iki upacara adat Pasola klebu upacara sing wis langka. Pasola dhewe mujudake upacara adat sing wujude atraksi perang tandhing kang ditindakake dening rong kelompok kang padha-padha nunggang jarane. Saora-orane saben kelompok cacahe 50 wong. Saengga saben upacara Pasola ditindakake. Ana 100 nom-noman kang nuggang jaran kanthi gegaman tombak kang digawe saka kayu. Dawane tombak sing digunakake kurang luwih 1,5 m. Supaya ora mbebayani pucuke tombak digawe bujel. Sauntara kuwi pasola mujudake upacara kang pikantuk pangribawa saka kapitayan Merapu. Sing unik saka upacara iki. Saliyane ngandhut babagan keagamaan, upacara pasola uga ngandhut babagan lomba, olahraga lan hiburan. Senajan duwe kandhutan kaya mangkono akehe. Pasola babar pisan ora kelangan kesakralane. Pasola dianggep mujudake wosing kapitayan Merapu. Saliyane digunakake kanggo kaperluan manembah. Pasola uga digunakake kanggo nyawijekake masyarakat kang dumunung ing laladan Sumba. Cekake saliyane kanggo sarana spiritual. Pasola bisa digunakake kanggo nguwatake persatuan, kesatuan, sarta ngraketake paseduluran antarane masyarakat kang mapan ing Pulau Sumba. Kayadene upacara adat lumrahe. Upacara pasola ngemu surasa gedhe tumrap masyarakat kang isih nglestarekake. Saliyane mujudake puncak kabudayan tumrap masyarakat Sumba. Upacara Pasola duwe ancas kanggo nyenyuwun menyang Kang Maha Kuwasa. Adate pasola ditindakake mung setaun pisan. Anggene nganakake kalane sadurunge mangsa tandur teka. Kanthi kagelare upacara Pasola iki diajab asil panen kang bakal ditampa ing mengkone bakale mbruwah. Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 4 Indonesia ora mung sugih sumber daya alam lan sumber daya manungsanee wae, nanging uga sugih budaya, adat, lan tradhisine. Ngenani adat lan tradhisi sing isih terus lestari tekan saiki. Ora mung kanggo nguri-uri tinggalane leluhur, nanging duwe maksud tartamtu. Tuladhane tradhisi panen iwak ing Ende, Flores, NTT. Tradhisi taunan iki bali dianakake ing dina selasa 22/1 kepungkur. Ing dina kuwi atusan wong saka njero lan njaban desa Nabe, Maukaro, Ende, Flores padha rame-rame menyang pinggir segara. Sadurunge acara kawiwitan. Kepala suku Mosalaki Sengaki katon mimpin donga supaya lakune acara bisa lancar tanpa ana alangan siji-sijia. Sawise kuwi wedhus utawa yen ing basane kana rusa lan atusan pitik digawa menyang pinggir segara kanggo disembelih. Sing kapatah nyembelih wedhus lan atusan pitik iki mau yaiku Mosalaki Sengaki kang kabantu anak-anak sukune. Wedhus kang wis dibeleh iku banjur dilarung menyang segara. Dene pitik-pitik sing dibeleh iku sawise dimangsak bakal dipangan bebarengan kabeh sing teka ing tradhisi taunan iku mau. Unike anggene masak pitik sing wis dibeleh iku mau ora kena nganggo bumbu. Pitik mung dibubuti wulune, banjur digodhog nganti mateng lan diwenehi bumbu uyah. “Tumrape warga kene tradhisi iki sinebut Rore Rusa. Tradhisi iki kanggo nguntabake rasa syukur marang berkahe Gusti lan minangka upacara pambuka kanggo nindakake panen iwak gedhen-gedhen ing dina candhake,” ujare Simon Se, minangka Mosalaki Sengaki. Simon njelasake ritual adat rore rusa iki ditindakake sedina sadurunge kabeh masyarakat adat lan anak-anak suku mudhun menyang segara kanggo nyekel iwak kanthi migunakake tangan. Ing wektu iku Simon uga nambahake yen tradhisi sing kaya ngene iki mujudake warisan saka leluhure lan wis lumaku suwe banget. Papan sing dipilih kanggo nindakake upacara iki yaiku pinggir segara sing alas bakaune isih lestari. Papan iki sengaja dipilih kanggo ngeling-eling perjuangane leluhure masyarakat Nabe kang perang klawan bangsa kang neneka lan pengin nguwasani wewengkon Nabe. “Saliyane kanggo nguntabake rasa syukur. Tradhisi iki uga kanggo ngeling-eling perjuangane leluhur sarta ngirim donga menyang para leluhur kang wis berjuang mati-matian kanggo mertahanake wewengkon Nabe,” tambahe Simon. Tradhisi iki ora mung dieloni kaum priya wae. Kaum wanita uga melu nindakake. Ing kalane kaum priya mbelehi pitik. Kaum wanitane nggawe puluhan tungku kanggo adang lan nggodhog banyu kanggo ngolahi atusan pitik sing dibeleh mau. mengkone yen kabeh wis mateng. Kabeh sing teka ing upacara iku bakale mangan bareng-bareng. Mangan bebarengan ing kene mujudake simbol persatuan lan kesatuan. Penutup Demikianlah contoh teks deskripsi bahasa Jawa lengkap dengan cirinya. Semoga artikel ini dapat menambah wawasanmu dalam membuat teks bahasa Jawa yang benar Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu Kost Dekat UGM Jogja Kost Dekat UNPAD Jatinangor Kost Dekat UNDIP Semarang Kost Dekat UI Depok Kost Dekat UB Malang Kost Dekat Unnes Semarang Kost Dekat UMY Jogja Kost Dekat UNY Jogja Kost Dekat UNS Solo Kost Dekat ITB Bandung Kost Dekat UMS Solo Kost Dekat ITS Surabaya Kost Dekat Unesa Surabaya Kost Dekat UNAIR Surabaya Kost Dekat UIN Jakarta

Adajenis tulisan deskriptif, naratif, dan lain sebagainya. Anda tentunya cukup mudah untuk melihatnya hanya dengan membaca sekilas. Semua jenis-jenis artikel Bahasa Jawa pada dasarnya memiliki struktur tulisan yang sama. Semua dimulai dari pembuka sebagai pengenalan awal. Kemudian dilanjutkan oleh isi pembahasan dan diakhiri oleh penutup.

ï»żKlik tombol Play untuk mendengarkan artikel - Berikut ini adalah ulasan mengenai contoh teks deskripsi bahasa Jawa, lengkap dengan penjelasannya. Salah satu materi sekolah yang kerap dibahas dalam mata pelajaran bahasa Jawa ialah teks deskripsi. Adapun teks deskripsi merupakan teks yang berisi gambaran tentang sebuah objek, seperti barang, orang, tempat, hingga keadaan. Lewat penjelasan tersebut, dapat kita simpulkan bahwa teks deskripsi tak dibatasi oleh tema apapun. Dalam menulis teks deskripsi, hasil pengamatan pancaindera seperti mata, telinga, hidung, dan kulit merupakan bahan penting untuk ditampilkan di dalam teks. Tujuan dari penampilan tersebut ialah untuk membuat pembaca seakan merasakan langsung apa yang sedang kita gambarkan. Lantas, seperti apa contoh teks deskripsi dalam bahasa Jawa yang memenuhi kriteria tersebut? Mengutip dari Sonora telah menyediakan contoh teks deskripsi bahasa Jawa tentang tempat, yakni Candi Prambanan. Baca Juga 2 Contoh Teks Pidato Bahasa Inggris Singkat Beragam Tema, Sudah Tahu? Berikut adalah teksnya. Dariraflymhmmd6175 29102019 masuk untuk menambahkan komentar. Buatlah contoh teks deskripsi pakaian adat jawa dalam bahasa jawa. Bukusemu pengertian bagian dan jenis rumah adat joglo ringkas berbahasa jawa omah joglo yaiku salah siji wangun omah tradisional ing jawa tengah omah iki nduweni ciri kang khas yaiku payone kang dhuwur
7 Contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa singkat beserta strukturnya – Teks tanggapan deskripsi ditulis untuk memberikan penjelasan atau berisi mengenai suatu ulasan terhadap suatu hal. Maksud dari deskriptif sendiri adalah penggambaran suatu hal atau kejadian dengan menggunakan kalimat. Jadi maksud teks tanggapan deskriptif adalah memberikan gambaran terhadap suatu kejadian atau peristiwa dengan menggunakan kalimat. Tentang Teks DeskriptifDaftar IsiTentang Teks DeskriptifContoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 1Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 2Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 3Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 4Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 5Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 6Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 7 Daftar Isi Tentang Teks Deskriptif Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 1 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 2 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 3 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 4 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 5 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 6 Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 7 Sebagai pembeda dengan teks jenis lainnya. Dalam teks deskriptif harus memiliki tiga unsur yakni evaluasi, deskripsi dan penegasan. Supaya dapat memberikan penggambaran yang jelas. Dalam menulisnya harus melibatkan indra sehingga dapat memberikan gambaran mengenai ukuran, kondisi, warna, dan sebagainya dengan jelas. Adanya penggambaran yang jelas ini dimaksudkan supaya pembaca dapat berimajinasi. Sehingga seolah-olah pembaca melihat atau merasakan sendiri peristiwa atau kondisi yang disampaikan oleh penulis. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 1 sumber dokumen pribadi Udan sing terus tumiba ing kutha Solo lan sakiwa tengene keri-keri iki nyebabake dalan-dalan padha rusak jeglong. Dalan sing rusak jeglong iki mau ora mung dumadi ing dalan alternatif wae nanging uga dalan-dalan utama. Rusake dalan iki saliyane nyebabake keganggune aktifitas masyarakat nanging uga mbebayani tumrape para pengguna dalan. Awit yen ora ngati-ati anggene ngliwati dalan sing rusak mau bisa njalari dumadine kacilakan sing ora mung ngrugekake dhiri sacara materi nanging uga nyawa. Salah siji wujud protes ngenani dalan rusak iku mau ditindakake dening ICS Info Cegatan Solo dan sekitarnya, salah siji grup facebook paling gedhe ing kutha Solo. Grup ICS iki anggotane maneka werna lan binuka kanggo umum. Grup iki saliyane menehi info ngenani cegatan kang ana ing kutha Solo lan sakiwa tengene uga menehi maneka info maneka kedadeyan kang dumadi ing kutha Solo lan sakiwa tengene. Saliyane kuwi grup iki uga martakake dalan-dalane endi wae sing wis rusak jeglong. Anggene martakake yaiku kanthi cara motret dalan sing rusak mau banjur diuploud menyang grup lan diwenenhi katrangan dalan ngendi sing rusak mau manggon ing dhaerah endi. mau dipotret. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 2 sumber dokumen pribadi Dina kemis 26/10 kepungkur ana swasana kang beda ing Kantor Balai Bahasa Jawa Timur. Ing dina kuwi kantor Balai Bahasa Jawa Timur luwih rame tinimbang biyasane. Mobil-mobil kanthi nomor polisi luwar kutha Sidoarjo padha jejer kanthi rapi ing papan parkiran. Sauntara kuwi puluan wong kang nyandhang cara jawa kanthi gagrag jawa timuran lan yogyanan katon padha sumringah kalane mlebu ing salah sijine ruwangan Balai Bahasa Jawa Timur kasebut. Pawongan sing nyandhang cara Jawa iku mau mujudake tamu ngestreni adicara taunan kang kagelar dening Balai Bahasa Jawa Timur. Adicara taunan sing kagelar ing kantor Balai Bahasa Jawa Timur ing dina kuwi yaiku adicara Anugrah Sutasoma.’ Adicara iki mujudake adicarane Balai Bahasa Jawa Timur kanggo menehi bebana marang paraga berprestasi lan paraga kang nduweni lelabuhan gedhe ing jagading literasi, mligine tumrap jagad literasi ing wewengkon Jawa Timur. Anugrah Sutasoma dhewe saliyane diparingake marang sastrawan lan kritikus sastra kang karyane dianggep paling pinunjul manut etungane para dewan juri. Uga diparingake menyang guru kang nduweni dedikasi gedhe tumrap basa lan sastra. Sauntara iku komunitas sastra kang nduweni lelabuhan gedhe tumrap pangrembakane basa lan sastra uga pikantuk bebana wujud Anugrah Sutasoma. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 3 Kalungguhane popok tumrape kaluwarga duwe bayi cilik bisa dikandhakake kabutuhan utama kang ora kena ditinggal. Dinane iki popok sekali pakai’ sekali pakai wis ngalahake popok sing bisa digunakake makaping-kaping. Dupeh duwe dhuwit lan ora gelem ngumbah popok lan sebab liyane nyebabake popok gagrak lawas’ sing kena dienggo makaping-kaping wiwit ditinggal kaluwarga enom jaman saiki. Mung emane, saka kaluwarga kang nggunakake popok sekali pakai’ isih akeh kang durung kesadharan kanggo mbuwang popok sing bekas dienggo bayine ing papan kang samesthine. Apa maneh anane kapitayan yen popok diobong bakal ndadekake bayine sulten ndadekake akeh wong sing luwih milih mbuwang popok menyang kali tinimbang mendhem popoke utawa mbuwang popok sing wis digunakake menyang papan kang samesthine. Anane kahanan kang kaya ngene iki nyebabake akeh kali-kali ing Indonesia mligine kali-kali ing Jawa kebanjiran popok. Kali-kali gedhe lan kali-kali cilik nasibe padha wae. Kabeh padha dadi papan kanggo mbuwang popok. Popok sing dibuwang menyang kali cetha gawe rusak ekosistem kang ana ing kali. Ora mung iku wae feses ing popok kang ora diresiki saduunge buwang. Bisa dadi sumber penyakit kang katut kasebar manut ilene banyu kali. Pencemaran kali merga kebanjiran popok iki tansaya ndadra awit pabrik popok kaya-kaya ora peduli klawan tata kelola produk-produke. Saora-orane saben taune ana 6 milyar popok kang diproduksi pabrik popok sekali pakai’ ing Indonesia. Saka cacah samono akehe. Pengelolaan sampah popok isih durung maksimal. Jutaan popok bekas saben taun dibuwang kanthi sembranan kang wusanane nyebabake dumadine masalah. Wiwit saka masalah kesehatan nganti masalah rusake lingkungan. Ing Jawa dhewe kali sing kapetung paling akeh dienggo mbuwang sampah popok bekas iki yaiku kali brantas ing Jawa Wetan. Manut sumber dhata saka Badan Pusat Statistik ing taun 2013 wae ana 1,5 juta popok sing dibuwang menyang iline kali brantas saben dinane. Cacah iki mesthi wae ngalami undhak-undhakan saben taune. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 4 sumber Juru Kunci Candi Mirigambar Minggu esuk 28 Oktober kepungkur, swasana lapangan desa Mirigambar katon beda tinimbang biyasane. Atusan bocah padha kumpul kanthi praupan kang sumringah. Saka saperangan bocah sing melu kumpul ing dina kuwi. Ana sing ditunggoni wong tuwane, lan sisane ana sing budhal dhewe saka ngomah. Reramen ing lapangan desa mirigambar dina iku saliyane kanggo mengeti pengetan dina sumpah pemuda. Uga kanggo ngregengake adicara Jejak Mirigambar’ kang dianakake dening Karang Taruna Mirigambar. Ngenani isen-isen sajroning gelaran Jejak Mirigambar’ iki maneka rupa. Saliyane diisi kanthi nggambar lan mulas. Ana uga adicara liyane kayata mural bareng, jagongan sejarah, dolanan bareng, lan pentas seni. Gandhenge akehe isen-isening adicara. Gelaran “Jejak Mirigambar’ diwiwiti jam pitu esuk lan dipungkasi watara jam sewelas bengi. Adicara dibukak dening H. Nasrudin, minangka Kepala Desa Mirigambar. Ing pembukaan adicara, Fajar Shidiq minangka Ketua Panitia maringake winih miri marang H. Nasrudin. “Winih miri sengaja dipilih jalaran jeneng desa mirigambar dijupuk saka jenenge miri,” ujare Fajar Shidiq. Sabubare adicara dibukak, para bocah sing wis makumpul banjur miwiti anggene nggambar lan mulas gambar kang wis disediakake dening panitia. Ngenani gambar sing dipulas dening para peserta iku mau yaiku gambar candhi mirigambar. Sengaja dipilih mulas gambar candhi amarga pihak panitia kepengin ngenalake candhi mirigambar menyang para bocah-bocah kang sekolah ing wewengkon desa Mirigambar. Kanthi pengenalan iki pihak panitia duwe gegayuhan supaya ing tembe bocah-bocah iku mau bisaa nduwe rasa melu nduweni lan melu nguri-uri candhi mirigambar. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 5 sumber dokumen pribadi Pakulinan ndongeng kalane bocah mapan turu dianggep mujudake wektu paling pas supaya bocah bisa njupuk piwulang becik sajroning dongeng. Ing perangan liya, saka pakulinan kang kaya mangkene bisa nyedhakake sesambungan batin antarane bocah lan sing ndongengi kang ing kene sing dadi pendongenge wong tuwa. Emane gandhenge anane ilir gumantine jaman, pakulinan sing kaya ngene iki sithik mbaka sithik wiwit ditinggalake. Merga alesan sibuk utawa alesan liyane, jarang banget wong tuwa sing gelem ndongengi anake, wektu anake mapan turu. Wiwit ilange pakulinan sing kaya mangkene iki ora mung ndadekake dongeng-dongeng sing yen ditintingi mujudakake ragam seni tutur cures kepangan iline jaman. Nanging uga ndadekake sesambungan batin antarane anak klawan wong tuwa melu dadi renggang. Kanggo ngawekani babagan sing kaya mangkene. Yayak Priasmara, salah siji warga Ngingas, campurdarat, Tulungagung kanthi disengkuyung warga dalah kanca-kancane kang peduli marang nasibe dongeng ing mangsa iki,nggelar sawijining acara kang diwenehi jeneng Kampung Seni Ngingas 2’. Wosing adicara kang digelar dening Yayak iki yaiku kanggo ngenalake lan ngrembakake sarta ngulinakake maneh pakulinan ndongeng. Kampung Seni Ngingas 2 dhewe digelar rong dina suwene yaku wiwit tanggal 13-14 Oktober 2018. Sasuwene rong dina iku ora mung diisi kanthi acara sing ana sesambungane klawan dongeng wae. Nanging uga akeh digelar acara-acara liyane. Kayata dhiskusi, maca puisi, rampag kenthongan, tari teatrikal, lsp. “Saliyane kanggo ngenalake dongeng, acara iki uga digunakake kanggo ngraketake masyarakat lumantar endahe seni,” ujare Yayak. Ing adicara Kampung Seni Ngingas 2 katon guyube masyarakat Ngingas. Enom, tuwa, gedhe, cilik, lanang lan padha guyub anggone makarya bebarengan kanggo suksese adicara. Wiwit sadurunge pentas, nalika pentas, nganti sabubare pentas masyarakat Ngingas padha dilibatake sajroning pelaksanaan Kampung Seni Ngingas 2. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 6 sumber dokumen pribadi Contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa sakbanjure. Senajan kutha cilik nanging potensi sing diduweni Tulungagung ora kena diremehake. Saliyane duwe potensi alam kang sugih. Potensi sumber daya manungsa sing diduweni Tulungagung ora kalah klawan kutha-kutha liyane. Buktine akeh pawongan saka Tulungagung sing kasil kawentar merga karya-karyane kasil ndudut kawigatene wong akeh. Mung wae emane akeh potensi-potensi saka Tulungagung sing durung kinawruhan. Saengga akeh warga Tulungagung dhewe sing durung ngerti potensi sing diduweni tanah kelairane. Salah siji potensi Tulungagung sing klebu misuwur nanging durung kinawruhan wong akeh yaiku potensi seni rupane. Mung wae masia Tulungagung wis akeh nglairake perupa-perupa sing wis kondhang ing tingkat nasional lan internasional. Nanging emane akeh warga Tulungagung sing durung ngerti sapa wae para perupa iku mau. Aja maneh masyarakat umum. Antar perupa dhewe akeh sing durung tepung siji lan sijine. Anane kahanan kang kaya mangkene ndadekake Excris, salah siji perupa enom saka Tulungagung kedudut atine. Priya kang saiki isih kuliyah ing salah siji Universitas Negeri ing Surakarta iki nganakake adicara sing diajab bisa dadi ajang srawunge para perupa-perupa ing Tulungagung. Saengga ing tembe saliyane bisa padha tepungan lan sesrawungan. Para perupa-perupa iku mau bisa dhiskusi lan tukar idhe. Saengga ombyake seni rupa ing Tulungagung bisa luwih maju maneh. Adicara kang digelar Excris iki diwenehi jeneng Cek Ombak’ lan adicara iki ginelar ing Omah Oren’ kang mapan ing Kepatihan, Tulungagung. Sajroning adicara Cek Ombak’ iki sapa wae bisa melu. Carane yaiku kanthi ngirimake karyane. Ngenani karya sing dikirimake ana saweneh ketentuan. Saliyane ora pikantuk nyinggung babagan SARA. Ukuran karya gedhene mung sakartu pos. Dene aliran sajroning karya mau dibebasake. Sabanjure ing adicara kang dianakake Excris iki saben wong diwatesi paling akeh mung pikantuk ngirimake karyane cacah telu. Karya-karya sing dikirimake iku mau banjur dipamerake. Lan menawa ana pawongan sing seneng lan kepengin nduweni. Karya mau bisa dituku kanthi rega sing disarujuki antarane sing tuku lan sing nggawe. “Adicara iki dakgelar kanggo ngecek sepira gedhene kawigatene masyarakat umum lan perupa ing Tulungagung marang seni rupa. Saliyane iku adicara iki dakgelar kanggo nonton aliran rupa apa wae kang akeh ing Tulungagung. Mula saka kuwi adicara iki dakjenengi Cek Ombak,” ujare Excris. Contoh Teks Tanggapan Deskriptif Bahasa Jawa 7 sumber dokumen pribadi Kahanan kali-kali ing Jawa jaman saiki tansah nrenyuhake. Kali-kali gedhe lan kali-kali cilik sing ing jaman biyen dijaga kelestariane merga iline migunani tumraping manungsa. Dina iki akeh sing padha rusak. Kang dadi jalaran rusake kali iki mau saliyane merga dumadine proses alam, nanging uga disebabake tumindake manungsa kang sembranan lan ora tanggungjawab. Kali-kali dirusak ekosisteme kathi maneka cara. Saliyane digunakake kanggo papan mbuwang larahan. Akeh wong kang nggolek iwak ing kali kanthi cara ora aman. Tuladhane kanthi migunakake bom, racun, lan strum. Anane kahanan sing kaya mangkene tansah ndadekake populasi iwak ing kali tansah kaancam cures. Jalaran cara sing kaya mangkono tansah njalari iwak-iwak ing kali ora bisa berkembang biak. Kang dadi ancaman tumrap lestarine iwak ing kali ora mung iku wae. Pakulinan saperangan warga kang isih seneng mbuwang larahan menyang iline kali uga dadi salah siji penyebab iwak kali kaancam cures. Kahanan kang kaya mangkene dumadi jalaran papan-papan sing adate dienggo ngendog iwak padha rusak merga kena larahan. Masia isih ana saperangan jinis iwak sing bisa tahan marang kondisi lingkungan kali kang kebacut rusak. Nanging iwak kasebut wis ora sehat kanggo dikonsumsi manungsa. Tegese iwak iku mau ora gawe sehate awak. Nanging suwalike malah gawe sumbering penyakit tumrap sing ngonsumsi iwak kasebut. Dumadine kahanan sing kaya mangkene iki merga isih akeh wong kang ora peduli klawan lingkungan. Kamangka sipat peduli marang lingkungan gedhe pangribawane tumrap ayem lan tentreme manungsa. Jalaran dumadine bencana alam kang kerep gawe kapitunan wiwit bandha lan nyawa kanggone manungsa. Salah siji penyebabe merga manungsa ora gelem peduli marang lingkungane. Saupama manungsa ora nebangi alas, ora ngrusak DAS Daerah Aliran Sungai, lan mbebuwang sampah menyang kali. Bencana alam kang wujud banjir sithik akeh bisa dikendhaleni. Ora mung iku wae. Anane kali kang resik lan jinaga kelestariane wis barang mesthi bakal bisa dadi sarana kanggo ngundhakake kesejahteraan masyarakat. Ngelengi wigatine nyadharake pamikirane masyarakat supaya gelem melu ngrumat lan njaga kelestariane kali iki kang ndadekake Dinas Sosial Propinsi Yogyakarta nggandheng sawetara pihak kayata Tagana Masyarakat Tanggap Bencana, komunitas-komunitas kang melu njaga kelestarian ekosistem lan resike kali, Karang Taruna, lan liyane kanggo nyuwarakake wigatine njaga kelestarian ekosistem kali. Penutup Demikianlah 7 Contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa singkat beserta strukturnya. Semoga artikel contoh teks tanggapan deskriptif bahasa Jawa ini dapat kamu jadikan referensi dalam membuat teks deskriptif bahasa Jawa. Klik dan dapatkan info kost di dekat kampus idamanmu Kost Dekat UGM Jogja Kost Dekat UNPAD Jatinangor Kost Dekat UNDIP Semarang Kost Dekat UI Depok Kost Dekat UB Malang Kost Dekat Unnes Semarang Kost Dekat UMY Jogja Kost Dekat UNY Jogja Kost Dekat UNS Solo Kost Dekat ITB Bandung Kost Dekat UMS Solo Kost Dekat ITS Surabaya Kost Dekat Unesa Surabaya Kost Dekat UNAIR Surabaya Kost Dekat UIN Jakarta
TeksDeskripsi │Bahasa Indonesia Kelas 7. Objek yang dibicarakan dalam teks deskripsi bersifat khusus (objek tertentu yang kemungkinan berbeda dengan objek lain). Sukmajaya, Kota Depok, Jawa Barat, 16412. Head Office : 02177844897 Kak Leni : 0858 1077 9967 Kak Afifah : 0877 8160 9961 [email protected] Recent Post. Turunan Fungsi
- Apakah Adjarian sudah pernah menulis teks deskripsi berbahasa Jawa tentang Candi Prambanan? Seperti halnya teks deskripsi berbahasa Indonesia, teks deskripsi bahasa Jawa bisa ditulis dengan mengangkat tema apa saja, termasuk tentang Candi Prambanan. Dalam bahasa Jawa, teks deskripsi yaiku teks kang nggambarake obyek, kaya barang, pawongan, utawa kahanan. Artinya, teks deskripsi adalah teks yang menggambarkan objek, seperti barang, orang, ataupun keadaan. Kita bisa melibatkan penggunaan pancaindra dalam menggambarkan objek dalam teks deskripsi, Adjarian. Penggambaran ini akan membuat para pembaca seakan-akan merasakan apa yang kita gambarkan. Nah, kali ini kita akan coba menyimak satu contoh teks deskripsi bahasa Jawa tentang Candi Prambanan. Seperti apa contoh teksnya? Coba kita simak bersama, yuk! Baca Juga Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Hewan Penyu Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa tentang Candi Prambanan Candi Prambanan

Tag contoh teks deskripsi bahasa jawa Pengertian Teks Deskripsi Hallo, Selamat Datang di Pendidikanmu.com, sebuah web tentang seputar pendidikan secara lengkap dan akurat.

Teks deskripsi merupakan salah satu dari berbagai teks yang ada didalam bahasa. Teks deskripsi ini bersifat penggambaran secara jelas mengenai suatu objek baik makanan, tempat, maupun hal lainnya. Penggunaan daripada teks deskripsi ini banyak sekali, salah satunya yaitu untuk mendeskripsikan sebuah makanan khas di sebuah daerah. Nah, pada kali ini kamu akan mengetahui contoh teks deskripsi makanan khas daerah Jawa Tengah dalam bentuk Bahasa Jawa. Contoh Teks Deskripsi Sumpil dalam Bahasa Jawa JAJANAN SUMPIL Sumpil yaiku salah satunggaling jajanan khas Jawa Tengah ingkang biyasanipun namung asring dipunpanggihaken kala wonten tradisi Weh-wehan ing Kaliwungu, Kendal. Jajanan Sumpil niki keningal kados ketupat, nanging ukurane langkung alit uga nggadhahi bentuk segitiga. Tekstur saking Sumpil niki sami kaliyan ketupat yaiku padat uga empuk. Jajanan ingkang nduwe nami Sumpil niki asalipun saking nami setunggal kewan sawarni siput ingkang kathah dipunpanggihi ing lepen. Kewan kesebat lebet basa Jawi nduwe nami Sumpil ingkang nduwe bentuk kerucut. Saking ukuran uga bentuk kewan niki hampir sami, akhiripun jajanan ingkang setunggal niki dipunsukani nami Sumpil. Konjuk ndamel Sumpil, badhe ingkang dibetahaken yaiku ron deling, lidi, uwos, parutan krambil, cabai, uga sarem. Cara ndamelipun pun kados ndamel ketupat, yaiku kaliyan ngresikaken uwos uga ndamel bentuk segitiga saking ron deling. Lajeng mlebetaken uwos kelebet ron deling uga ditutup kaliyan lidi ingkang sampun dipotong supados kiyat. Salajengipun kaliyan mangsakipun kaliyan cara direbus ngantos mateng. Saksampune punika, ndamel sambale kaliyan cara nyampurake parutan krambil, sarem, uga cabai ingkang sampun dipunlembataken dados setunggal. Jajanan Sumpil sakmenika sampun sanguh dinikmati makanipun kaliyan sambel. Sumpil panitados sampun dipuntepang masyarakat ket zaman Sunan Kali Jaga. Kaliyan ngewrat macem-macem jarwi dipunlebetipun, Sumpil dados mboten namung jajanan biasa kamawon. Jajanan Sumpil ingkang nduwe bentuk segitiga ngrupikaken bentuk saking hubungan antawis sesami manusia uga kaliyan Gusti Ingkang Maha Kuasa. Tambah erate hubungan terna sesami manusia mila hubungan kaliyan Gusti Allah badhe dados minggah erat. Sambel ingkang saking parutan krambil nyamangaken wontenipun macem-macem kedadosan ingkang wonten ing donya niki. Itulah salah satu contoh teks deskripsi makanan khas Jawa Tengah yang dituangkan dalam bentuk Bahasa Jawa. Semoga artikel ini dapat membantu kamu dalam memahami sebuah teks deskripsi secara mudah dan pastinya paham dalam mengimplementasikannya kedalam sebuah tulisan.
CapaianPembelajaran Mata Pelajaran Muatan Lokal Bahasa Jawa pada Kurikulum Merdeka. 1. Fase A (Kelas 1-2 SD/MI/SDLB) Peserta didik mampu menulis teks narasi dan deskripsi berbahasa Jawa sesuai kaidah unggah-ungguh basa dengan rangkaian kalimat yang beragam, informasi yang lebih rinci dan akurat dengan topik yang beragam.
Teks deskripsi merupakan salah satu jenis tulisan yang menggambarkan suatu hal. Bisa berupa orang, benda, hewan, tempat, dan lain-lain. Tarigan di dalam buku Membaca Sebagai Suatu Keterampilan Berbahasa 2008 mendefinisikan teks deskripsi merupakan teks yang dibuat dengan tujuan untuk mengajak pembaca sama-sama merasakan, menikmati, dan memahami objek yang menjadi sasaran penulis dengan sebaik-baiknya. Dalman di dalam bukunya berjudul Keterampilan Menulis 2014 menerangkan, teks deskripsi menggambarkan objek atau kejadian dengan jelas, rinci, serta membuat pembaca seakan-akan merasakan ataupun mengalami objek yang dijabarkan sehingga teks berisi perincian objek. Teks deskripsi dapat ditulis dalam bahasa apa saja. Misalnya bahasa Indonesia, Inggris, hingga bahasa daerah. Terkait dengan hal tersebut, kami akan memberikan contoh teks deskripsi bahasa Jawa. Berikut daftarnya. Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 1 Sumber Grid Candi Prambanan Candi Prambanan iku candi kang nduwe corak Hindu paling gedhe sak Indonesia sing ana ing antarane Kota Solo lan Yogyakarta. Candi Prambanan dibangun jaman peradaban Jawa kuno kawiwitan saka Sri Maharaja Rakai Pikatan. Kompleks Candi Prambanan iki kalebu Situs Warisan Dunia UNESCO amarga legendaris lan nyimpen akeh mlebu Kompleks Candi Prambanan iki, koe bakal ndelok akeh candi-candi sing dibangun apik. Candi utama kang dadi pusate yaiku Candi Siwa, kang nduweni duwur 47 meter. Pas mlebu ing kompleks Candi Prambanan, rasane kaya lagi mlebu ing peradaban jaman Jawa sekitare resik, akeh suket ijo, wit, ditambah pemandangan candi-candi sing menarik. O iyo, dalan arep menyang candine lumayan adoh, nanging rasa kesele bakal lunas karo pemandangan sing megah. Koe iso jipuk foto neng endi wae, panggone sing resik lan latar belakang candi sing megah iso nggawe fotomu dadi apik lan kebak makna. Relief sing diukir ing dinding candi koyo dadi bukti kejayaan lan misteri jaman Wangsa Sanjaya. Sak durunge bali, koe iso mampir tuku suvenir khas Prambanan kanggo oleh-oleh, sisan ndukung bisnis Prambanan dadi destinasi wajib kanggo sapa wae sing lagi ameh menyang Yogyakarta utawa Solo. Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 2 Sumber Grid Penyu Penyu minangka salah sawijine fauna laut sing urip ing pulo kabeh samodra ing donya, ana 7 spesies penyu, 6 ing antarane ana ing Indonesia. Penyu diklasifikasikake mbebayani kanthi kritis. Jenis penyu sing ana ing Indonesia, yaiku penyu hijau, penyu sisik, penyu belimbing, penyu pipih, lan penyu tempayan. Penyu belimbing minangka paling gedhe, kanthi ukuran dawa awak 2,7 meter lan bobot 600-900 kilogram. Dene penyu paling cilik minangka penyu lekang, kanthi bobot 50 kilogram. Penyu umume migrasi jarak sing adoh ing wektu sing ora suwe. Jarak kilometer bisa katempuh sajrone 58-73 dina. Kabeh jenis penyu laut ing negeri iki dilindhungi miturut Peraturan Pemerintah Nomor 7 tahun 1999 babagan Pengawetan Jenis Tumbuhan dan Satwa. Uwong ora tanggung jawab mburu penyu kanggo njupuk carapace lan nggawe aksesoris kayata gelang, liontin, lan diawetake kanggo dipamerake isih akeh banget nganti saiki. Penyu minangka spesies sing wis urip ing bumi nganti mayuta-yuta taun lan bisa urip nganti saiki. Penyu nglampahi akeh wektu ing segara nanging induke bakal ndharat nalika wayahe ngendhog. Penyu nduweni sepasang sikil ngarep kanthi wujud sikil dayung sing menehi ketangkasan kanggo nglangi ing dewe kabeh wajib njogo kelestarian penyu. Contoh Teks Deskripsi Bahasa Jawa 3 Sumber Mamikos SMA Negeri 10 Bojonegoro SMA Negeri 10 Bojonegoro kalebu salah sawijining sekolah sing nduweni predikat paling apik ing Bojonegoro. Sekolah menika kasil pikantuk pandangan ingkang sae saking sedaya unsur masyarakat. Masalah mayoritas remaja kepingin lungguh ing bangku SMA Negeri 10 Bojonegoro. Ora gumun kok ing 2022 registrasi ngluwihi kuota. Salah sijine sebab SMA Negeri 10 Bojonegoro dadi sekolah favorit amarga jajaran sekolah kasebut bisa ngasilake lulusan sing berkualitas. Akeh sing ditampa ing universitas, umum lan swasta, ing omah utawa ing luar negeri. Ora mung saka kualitas lulusan, nanging SMA Negeri 10 Bojonegoro wis kasil mbuktekake liwat cathetan indeks output lan input prestasi. Taun kepungkur, upamane SMA Negeri 10 Bojonegoro kasil entuk juara, yaiku 3 angka kanggo Olimpiade Ilmu Pengetahuan Alam IPA lan 2 angka kanggo Ilmu Sosial IPS. Kabeh iki amarga lingkungan sinau lan fasilitas pendukung sing cukup. Lokasi SMA Negeri 10 Bojonegoro yaiku ing Jalan Panglima Sudirman No 56 Bojonegoro. Yen arep mrono, jarake mung 10 km saka pusat kutha. SMA Negeri 10 Bojonegoro pancen mapan ing dalan sing cukup cilik kanthi swasana sing ora rame banget. Ancasipun supados kagiyatan pamulangan lan pamulangan langkung efektif. Para siswa ugi ngraosaken betah amargi dipun lindungi saking rame kendaraan. Fasilitas liyane sing ora kalah pentinge sekolah iki yaiku papan ibadah, kantin, pojok maca sing trep, laboratorium komputer, basa, fisika lan kimia. Ana uga lapangan voli, basket, lan bal-balan. Komplit banget, kabeh nduweni ancas kanggo nyengkuyung para siswa anggone njelajah kemampuane. PengertianTeks Deskripsi. Hallo, Selamat Datang di Pendidikanmu.com, sebuah web tentang seputar pendidikan secara lengkap dan akurat. Saat ini admin pendidikanmu mau berbincang-bincang berhubungan dengan materi Teks Deskripsi? Admin pendidikanmu akan berbincang-bincang secara detail [Baca Selengkapnya]
Ilustrasi contoh teks narasi Bahasa Jawa. Foto UnsplashPengertian Teks Narasi Bahasa JawaIlustrasi contoh teks narasi Bahasa Jawa, sumber Foto Olia Gozha on UnsplashContoh Teks Narasi Bahasa JawaIlustrasi menulis teks narasi bahasa Jawa. Foto UnsplashPreinan Ing BorobudurDina preian wingi aku lunga menyang Borobudur karo Ibu, Bapak lan adik adikku. Borobudur rame banget, tapi kabeh pada manut karo aturan protokol kesehatan. Aku uga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing Borobudur. Aku juga dipeseni Ibu tansah nggawa hand sanitizer lan masker cadangan. Pokoke masker tetep dinggo terus nalika ing KendhalJeneng Kendhal iku ujare para pinisepuh asale saka arane tetuwuhan aran wit Kendhal sing basa Latine disebut Cordia Myza. Wit kenndhal kasebut sakawit ditemokake dening Pangeran Benawa kang isih turunan Sultan Pajang sing wektu iku kapinujon isih ngayam alas jalaran ana dredah. Kutha Kendhal wektu semana isih awujud alas gung dina Pangeran Benawa ngutus andhahane kang aran Baureksa kanggo bebadra ing alas kendhal. Suprihe alas mau bisoa dadi papan padhukuhan kang reja lan ing tembe dipurih dadiya sawijining kutha sing gedhe. Prenahe alas kendhal kuwi dununge ana sisih kulone kutha Semarang saiki, utawa sisih wetane kutha Batang. Mangkono mau satleraman sejarahe kutha Kendhal sing katulis ana risalah Humas Pemda Kabupaten Jadi kutha Kendhal dening asil Seminar 1989 wis ditetepake tiba ing tanggal 26 Agustus 1628 kapungkur. dadi, engga saiki kabupaten kasebut wis umur 362 papan palemahan-ne pancen mujudake dhaerah sing potensial. Sebab, umume subur lan cocog banget ditanduri cengkeh, tebu, palawija, lan mbako sing saiki isih dadi primadhonane para kadang WonosoboDhek Minggu wingi, antarane jam 8 esuk aku mlaku-mlaku ing alun-alun Wonosobo. Olehku mlaku-mlaku bareng karo bapak, ibu, lan adhiku. Alun-alun saiki wis beda karo dhisik. Dhisik durung rame kaya saiki. Saiki akeh wong-wong kang dodolan maneka werna kabutuhan. Sing taktemoni wektu kuwi kayata bakul sandhangan, sandhal lan sepatu, maneka dolanan bocah, lan maneka panganan kang akeh jinise. Sawise mlaku-mlaku saubengan, aku lan bapak ibu adhiku mampir ing bakul bubur ayam. Rampung sarapan bubur ibuku ngajak menyang bakul sandhangan, nanging aku ora gelem amarga aku pengin bali iku, aku lagi siap-siap menyang sekolah. Nanging ndilalah ing televisi wongten “Pawarta Enjing” ingkang mawartakake berita tentang kajadian kebakaran. Peristiwa iku kedadean ing salah sawijining panggong cerak marang iku kedadean jam 2 esuk. Amargi ana berita iku, aku banjur kaget lan kelingan kanca-kancaku sing manggon omah cerak panggon kebakaran. Ning sakjroning bathin, aku ndonga supados rencang-rencangku ora ono sing ndeleng berita, aku banjur menyang sekolah. Sakbanjure mara sekolah, dongaku kandas, aku sedih, lan ngrasa melu nelangsa, amarga ana 10 kancaku ingkang panggonan omahe melu seneng banget karo kewan sing arane kucing. Ing omah aku duwe kucing sing banget aku dakjenengi Gareng. Sejatine Gareng iku dudu duweku, nanging dheweke ora sengaja ngenger ing sadurunge ngenger, kucinge mlebu ing njero omahku. Omahku iku dodolan, pas ana wong tuku jenenge Pak biyen Gareng iku kucinge anake Pak Karom. Tapi omonge Pak Karom, Gareng iku biyen mlayu saka omahe. Mulane saiki malih ngalih ing omahku. Gareng iku kucing wedok rupane rupane dhoreng-dhoreng banjur dakjenengi Gareng. Kucinge iku ngguyokake tapi kereng. Amarga biyasane dakjaraki ora suwe malih nesu lan biyasane bisa kuwi duwe anak siji lan ora suwe saka kuwi duwe anak maneh liwa. Sakwise iku ora suwe anake sing lima mau mati kabeh merga disembur ula. Saiki anake Gareng mung ana siji cacahe anake gareng tak jenengi si Blek.
\n\n\n \n\n \n\nteks deskripsi dalam bahasa jawa
f3VZ.
  • k85owmdd28.pages.dev/311
  • k85owmdd28.pages.dev/103
  • k85owmdd28.pages.dev/165
  • k85owmdd28.pages.dev/195
  • k85owmdd28.pages.dev/184
  • k85owmdd28.pages.dev/16
  • k85owmdd28.pages.dev/363
  • k85owmdd28.pages.dev/170
  • k85owmdd28.pages.dev/6
  • teks deskripsi dalam bahasa jawa